Pitutur...

Bocah Bagus Anakku Lanang
Ojo Wedi,… Golék-o Pepadhangé Dalan

Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang
Duh Bocah Bagus Anakku Lanang

Wong Tuwamu Dudu Raja
Sing Dak Wariské Dudu Bandha Dunya
Sangumu Mung Isi Pitutur

Muga Dadi Titah Kang Luhur

Anak Lanang Bagusing Ati

Ojo Lali Anggonmu Memuji

Marang Gusti Kang Murbéng Dumadi
Mugo Dadi Padhangé Ati

Urip Ing Dunyo Iku Sedhélo
Urip Ing Kono Koyo Samudro
Mulo Nggér…., Ojo Wegah Podho Tetanén
Ing Kono Mbesuk-é Bakal Panén

Bocah Bagus Anakku Lanang
Ojo Nganti Ninggal Piwulang
Mumpung Jembar Golék-o Pepadhang
Ojo Jirih Ing Pepalang

Sejatiné Ora Ono Opo-Opo…..
Sejatiné Jagadawujud Suwung
Ora Warno Lan Ora Rupo
Sing Ono Mung Awang-Uwung

Akéhing Bandha Dudu Ukuran
Drajat Lan Pangkat Dudu Takeran
Lan Pepujané Rasa Dudu Anak
Pagering Jiwo Dudu Sanak

Wong Tuwamu Dudu Dewo
Ora Wenang Nulis Garisé Manungso
Sangumu Mung Isi Pitutur
Mugo Dadi Titah Kang Luhur

Page Rank Checking tool

untuk mengetahui PR blog anda, isikan alamat blog anda, :
  
This free page rank checking tool is powered by Page Rank Checker service

Khrisna Dewa

  © Blogger templates The Professional Template by Ourblogtemplates.com 2008

Back to TOP